Jumat, 25 November 2011

Teknologi Rendering WOW dari SolidWorks!


Yak, Ki Dhalang kali ini akan memposting sebuah tulisan, urek-urekan yang sedikit tidak bermutu mengenai rendering sebuah software yang bernama SolidWorks!
Software ini didesain untuk keperluan desain 2D & 3D (bukan desain komunikasi  visual), melainkan desain untuk arsitektural maupun desain produk yang dikerjakan pada dunia industri seperti shaft, bushing, dan masih banyak yang lain. Berhubung  yang dibahas adalah teknologi renderingnya, maka Ki Dhalang akan berulah dengan menunjukkan gambar rendering mirip seperti jepretan foto yang Ki Dhalang kerjakan selama nebeng di komputer sekolah sewaktu Ki Dhalang menjalani wajib militer, eh praktek reguler di sekolah (Jujur, Komputer’e marai serik ndess! Marai pengen nduwe siji trus ditumpaki, eh, *PLAAAAK*)
Berikut ini hasil produk yang selesai dikerjakan melalui gambar 3D
Dan ini setelah direndering menggunakan PhotoView di SolidWorks
`
Pripun? Masih banyak sebenarnya yang Ki Dhalang ingin tunjukkan, seperti ini:
Menjadi seperti ini:
Punching Tool & Clamping yang aneh:
Puncing Tool
Clamping Device aneh

Dan Master Piece dari Ki Dhalang: LADING!

Sekian, Matur nuwun, TERIMA KASIH! *mabur*

Rabu, 23 November 2011

Dagadu Generator => Dagadu = Matamu

Masih pada ingat lagu rap jawa yang reff-nya kalau ngga salah “pabu saciladh..pabu saciladh!!” ? Kayanya udah pada lupa ya. Lagu itu trend waktu Ki Dhalang masih kecil. Lalu saya dan teman-teman ramai-ramai mempelajari algoritma dagadu ini. Halah :P
Tahu aksara jawa kuno HANACARAKA kan? Sejarahnya nanti saya tulis di artikel lain. Kalau ada yang mau nulis juga sumangga :) .
Pada aksara Jawa hanacaraka baku terdapat 20 huruf dasar (aksara nglegena), yang biasa diurutkan menjadi suatu “cerita pendek”



ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga

Nah, kata-kata dagadu ini pada dasarnya hanya menukar aksara-aksara pada baris 1 dengan aksara pada baris 3, aksara baris 2 dengan baris 4. Begitu sebaliknya. Contoh: matamu menjadi dagadu. asu bajingan menjadi pabu saciladh.
Seorang blogger Jogja, berhasil embuat script dagadu generator sederhana yang dapat dilihat di sini.
Selamat ber-dagadu. poco dhebu go bu!!
disclaimer: artikel ini bukan iklan kaos dagadu. jika DAGADU mau pasang iklan boleh..hahah

Senin, 21 November 2011

TOMBO STRES

Album Rohani Ngasu TerAnyaaar dengan Single Hits-nya yang berjudul “TOMBO STRES” … Monggo dipirsani lirik’e :
♪Tombo stres, iku pitu perkarane …♪
♪Kaping pisan, ngombe bensin sak jerigeneee …♪
♪Kaping pindo,nyruput baygon sak kalenge..e..e..♪
♪Kaping telu, njegur sumur sak jeruhneee …♪
♪Kaping papat, nguntal pacul sak gagangeee …♪
♪Kaping limo, nggantung awak sak modaaareee …♪
♪Kaping enem, nguntal watu sagedene …♪
♪Kaping pitu, nguntal duren sak kulite …♪
♪Salah sawijine, sopo bisa ngelakoni …♪
♪Insya’ Allah bakal mati sak lawasee..ee..ee…♪
#Modhiaaaar #NgasuTenaaan

(Kapethik Saking @OjoNgasu)

Pintere Wong Jawa ana ing tembung Kerata Basa

Mata pelajaran basa jawa pancen wis suwe ora tak demok.. Jaman SD nganti SMP wae aku oleh pelajaran bahasa daerah, jaman SMK aku isih entuk, ning rada ngantuk-ngantuk. Aku pengen ngelingke kanca-kanca kabeh bab iki. Miturut ilmu bahasa, ana tembung kang dadi tembung amarga bunyi utawa suarane kang krungu, lan artine. contone tekek, jenenge tekek mergo suarane tekek..tekekk.. Tas kresek, mergo suarane kresek-kresek, lan sak panunggalane. Wong jawa malah luwih cerdas maneh ngartike tembung iku kanthi ngawur, sak-sake, nanging pas banget karo artine tembung kuwi. contone wong jawa ora ngomong “nasi”, nanging sega, amarga sega kuwi mbeseSEG dan marakke leGA.

Conto liyane:
gedhang : digeget sakbubare madhang,
kerikil : keri nang sikil
malah ana ing teknologi, wong jawa uga nggawe kerata basane, contone :
Sepeda : asepe tidak ada
Sepur :asepe metu ndhuwur
Ana maneh conto kang ana hubungane karo masalah agama:
ndilalah : Adiling gusti Allah
Ndelalah: ngandel marang Allah (percaya marang Tuhan)
Ana uga plesetan-plesetan kang ana di-kerata basa-ke:
Garwo : sigaraning nyawa (asline), njur diplesetke dadi “ketemune barang sigar karo barang dowo
kerikil : keri nang sikil, njur ana sing takon, “lha yen keripik”??… keri-keri ning…..(ning apik..)

conto liyane yaiku :
Bapak = bab apa-apa pepak (pepak kawruh lan pengalaman)
Batur = embat-embataning tutur
Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah
Brekat = mak breg diangkat
Cangkir = dianggo nyancang pikir
Cengkir = kencenging pikir
Copet = ngaco karo mepet-mepet
Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu)
Desember= gedhe-gedhene sumber
Garwa = sigaraning nyawa
Gedhang = digeget leh bar madhang
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk
Gerang = segere wis arang
Guru = digugu lan ditiru
Gusti = bagusing ati
Kaji = tekade siji (ngantebi panembahe marang Gusti Allah)
Kathok = diangkat sithok-sithok
Kodhok = teka-teka ndhodhok
Kutang = sikute diutang
Krikil = keri ing sikil
Kuping = kaku njepiping
Kupluk = kaku tur nyempluk
Kursi = yen diungkurake banjur isi
Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug
Maling = njupuk amale wong sing ora eling
Mantu = dieman-eman meksa metu
Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan
Saru = kasar tur kleru
Sekuter = sambi sedheku mlaku banter
Sepuh = sabdane ampuh
Simah = isining omah
Sirah = isining rah
Siti = isi bulu bekti
Sopir = yen ngaso mampir (ing warung)
Sruwal = saru yen nganti uwal
Tandur = nata karo mundur
Tapa = tatane kaya wong papa
Tarub = ditata supaya katon murub (asri)
Tayub = ditata supaya katon guyub
Tebu = antebing kalbu
Tepas = titip napas
Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wia rowa
Wanita = wani ing tata
Wedang = dianggo gawe kadang
Weteng = ruwet tur peteng

Nha, kowe kabeh uga bisa nggawe seko ukara lan tembung-tembungmu dhewe..
Ayo nggawe sakkarepmu dhewe.. guyon maton lan guyon waton.. bebas nang kene… sumangga..

#PakKumis

 

Iki ceritane #PakKumis. Uripe tansah amung lamis. Sok agamis kelakuan iblis. mati tragis ditabrak bis. ahli waris padha nangis. Jumat Kliwon udan grimis. #PakKumis dadi Gundul Pringis. Senajan wis mati tetep eksis. Dadi setan minimalis.

Jaman urip #PakKumis ngingu keris. Nemu neng Parangtritis. Keris sekti iso ndawake pe*is. Maune sak penggaris dadi sak linggis #PakKumis awale kere kritis, dadi sugih mergo ngemis, demen sing mistis, ngingu tuyul ambune amis. #PakKumis tansah eksis ,nggo klambi coklat garis garis,sanajan klambine ambu amis,tetep menehi parikan gratis. Wanjis!!

Sejatine, #PakKumis awake atletis. Kaya Homo Wajakensis. Yen lunga tansah necis. Mesthi nganggo pecis..
O iyo! #PakKumis anake manis. Kuliah sastra inggris. Karepe dadi artis. Hobine striptis. kakehan ngicip pe*is, anake #PakKumis (sing seneng striptis mau) dadi sipilis, urip e tragis isine nongas nangis . Wis jan, marahi miris!

Akhir cerita si Manis mati nguntal boncis, ngancani #PakKumis dadi gundul pringis. Tansah urip harmonis neng alam iblis. TAMAT
(ditulis dina Kemis, sinambi chat karo cewek manis)